Sawang Sinawang
- Details
- Parent Category: Bulletin DerapSerayu
-
23 Apr 2015
- Last Updated on Friday, 22 January 2016 10:33
- Published on Thursday, 23 April 2015 14:34
- Written by psghumas
- Hits: 3357
Jere pedagang, dadi pegawai si kepenak gajihe rutin saben wulan ora nggrengga rugi. Jere petani, pedagang si seneng olih duwit saben dina. Jere pegawai, pedagang si seneng, akeh bathine ora debatesi wektu kaya inyong kudu mlebu tit jam 7 mulih jam papat nampane duwit sewulan sepisan. Jere kontraktor, ayem-ayeme dadi wong tani refresing terus nang sawah ndeleng tanduran ijo royo-royo ora mikir speck ora mikir SPJ.
“Lah sawang sinawang” kuwe biasane pocapan sing sering keprungu menawa deomongna uripe lewih kepenak tinimbnag wong liya, lewih makmur jebar jebur. Mbuh pancen mungkur desawang kepenak ning sing nglakoni biasa baen, apa malah jebule lewih mumet tinimbang sing ngomongna kepenak kuwe. Pancen wong menawa nyawang wong liya rasane lewih kepenak tinimbang awake dewek, kayane dedeleng sekang njaba ora pada ana keruwetan urip. Kabeh mulus urusane.Mulane sering pada mbatin, halah enggane inyong dadi kae, kepenak temen daen uripe.Ora rekasa kaya inyong siki.
Ning ya pancen bener ora ana pegawean sing gampang, kabeh pegawean mesthi nduweni tanggung jawab sing abot. Dadi guru ya siki pol akehe administrasine, kudu lewih pinter sekang muride,merga siki ngelmu apa baen bisa deklik nang internet, menawa guru gaptek bisa kewirangan nang ngarep klas. Detambah maning polahe murid sing sering mbedegel nang ati, jan kudu jembar banget segarane. Petani sing ora ana administrasi thirik-thirik kaya guru, ora kudu absen ya prihatin maring tengkulak sing dolanan rega kasil tani sekarepe dewek. Apa maning pedagang lan kontraktor mesthi lewih akeh premasalahane. Persaingane lewih abot.
Jane kenangapa wong ngomongna wong liya lewih kepenak, mergane ora pada ngerti ruwet rentenge urusan kang deadepi. Menawa ngerti jane pada bareng-bareng nyemlong..ooo jane ora awake dewek tok sing pusiiing. Kae jebule ya pada baen inyong.
Ningen ya ana sing malah bisa kosok baline, sing desawang ora kepenak jebule kepenak. Uripe rasane adem tentrem.Ora sengsara kaya sing dekira wong nek weruh sekang njaba. Jane manggua sing nglakoni kepenake kaya sing desawang. Naah...kuwe mau bisa menawa wong urip wis bisa nyukuri kabeh sing wis dewai marang sing aweh urip, mergane kabeh kahanan urip mesthi sing paling apik mungguhe awake dewek. Ora usah ngomong enggane inyong dadi kae, enggane inyong dadi kiye. Pokoke inyong ya inyong, inyong bisa kepenak ora kudu dadi kae.Pokoke dadi inyong sing arep mulya ya merga upadayane inyong karo pitulunge Pengeran.
Kabeh wong urip mesthi duwe masalah, kabeh mesthi nduweni renggan.Ora mungkin ora lan kabeh masalah uga mesthi bisa rampunge. Rampung masalah iki teka masalah liyane maning. Liyane rampung teka sing liya maning.Pancen uwis denashaken nang Alquran Surat As-Syarh ayat 6- 7sing artine “Menawa ana susah mesti ana gampange, lan menawa kowe rampung urusan siji, ngaliha maring urusan sijine maning”.
Dadi lawase wong esih urip mesthi esih ana masalah sing kudu deadepi. Mulane manggua nek agi nglakoni keruwetan pokoke delakonii baen, toli mengko ana pinggire, ana rampunge. Ora usah nggrundel ora usah kemrungsung.Matunuwun. Klilan.
* Lilis Ujiyanti, mulang Bahasa Jawa nang Mts Cokroaminoto Wanadadi-Banjarnegara. (Dening : Lilis Ujianti)